Karya

Nalika Ati Loro Padha Asih

Nalika Ati Loro Padha Asih

Jumat, 30 April 2021 12:57 WIB
320 |   -

Dening Abdul Azis

Malem jemuah bar isya ana sms mlebu. Karo isih turonan tanganku gragap-gragap jupuk HP ning ndhuwur meja. Hape takbuka jebul sms saka Bu Susan, guruku nari ing sanggar.  

“En, suk Minggu jam 10 bisa ngaronsih ora? Manggone ing auditorium IAIN Walisongo.” Ngono mau isine sms-e Bu Susan. Aku tangi gregah. Buku agenda werna biru takbuki. Takurutake nganggo driji saka ndhuwur mengisor. Setu tanggal 1 Maret isih kosong.  

“Saged, Bu” sms wangsulanku cekak. 

Bu Susan mbalesi dawa banget. Aku mung kon mangkat wong thok. Yen bisa setengah 9 wis tekan panggonan saperlu dandan. Kostum sariase wis dicepakake. Bu Susan ora kandha pasanganku ngaronsih sapa. Biasane aku ngaronsih karo Mas Dodo. Nanging ya wis ping pirang-pirang ora barengan. Aku nampa job dhewe, Mas Dodo nampa dhewe.  

Aku lungguh ning pinggir amben. Hapeku muni. Ana sms meneh saka Bu Susan. Ngelikake supaya nggawa korset dhewe. Ora ngenteni kesuwen, aku banjur nyepakake korset kanggo sesuk. Saliyane korset aku uga nyepakake kaset lan stagen. Kanggo jaga-jaga sapa ngerti Bu Susan ora nggawa. 

=== 

Minggu jam setengah sanga aku wis tekan ing panggonan ngaronsih. Sepedhah montorku tak parkir ing ngisor wit pelem sing iyup.  Nembe wae nyopot jaket hapeku muni. Ana telpon saka Bu Susan. 

“En, langsung wae ning ruang rias ya. Manggone ning sisih tengen auditorium. Aku wis ning kene.” 

“Inggih, Bu. Ki nembe parkir. Pasanganku wis rawuh, Bu?” pitakonku. 

“Durung ki. Jare isih OTW.” Wangsulane Bu Susan. 

Sinambi nampa telpon saka Bu Susan, aku mlaku ngener menyang ruang rias. Aku ora kudu takon-takon meneh. Saka kadohan aku wis bisa weruh Bu Susan. Sajake Bu Susan uga wis weruh aku. Hapene langsung dipateni. Karo ngawe aku supaya cepet. 

Aku dikon rias dhewe. Kostum, perhiasan, lan kembange wis cumepak. Bu Susan ibut nyepakake make up lan piranti dandan kang kanggo keluwarga nganten. Ngantene wadon wis dirias awit mau sajake. Meh rampung anggone nganggo basahan. Penganten lanange ora ning kono. Bisa uga nembe dirias ning ruang liyane. 

Bu Susan bali ibut ngrias nganten wadon. Riase pancen alus tenan. Aku asring dijak nggambyong utawa ngaronsih yen Bu Susan nampa job rias sak tarine. Ya kala-kala bambangan cakil. Gumantung panyuwunane sing duwe gawe.  Aku kok lali takon sapa pasangan ngaronsihku. 

Make up-e Bu Susan sing takenggo. Rambutku takkucir buri, supaya ora ngganggu anggonku rias. Aku wiwit wedhakan dhewe. Saka dasaran tekane masang idep ya dhewe. Bu Susan dumadakan mlebu. Terus nyekel rambutku. Isih karo njungkati, Bu Susan kandha yen aku mengko didhawuhi nggambyong dhisik. Mulane rambutku bakal disanggul luwih dhisik. Mengko bar gambyong nembe sanggul dicopot ganti nganggo jamang utawa irahan karonsih. 

Mbak Diana sing kudune nggambyong karo Mbak Rina ndadak entuk kabar yen simbahe gerah. Dadi ya ora bisa melu. Mbak Rina nembe wae sms paring kabar marang Bu Susan. Ki isih perjalanan. Mbak Rina wis dandan saka ngomah. Tekan panggonan mengko kari ngenteni wektune nggambyong. 

Bu Susan rampung anggone nyanggul rambutku mbarengi Mbak Rina teka. Bu Susan ndhwuhi Mbak Rina nata dandanane sik. Bu Susan niliki jam ning tangan kiwane. Kandha limang menit engkas gambyonge metu. Sinambi ngulungake ngombe gelas marang aku lan Mbak Rina, Bu Susan menehi tandha supaya enggal siap-siap. Panatacara wis nimbali lumantar sound system. 

Iringan gambyong saka pita swara alias kaset wis muni. Aku lan Mbak Rina wiwit mbeksa gambyong nut iringane. Srisik, ulap-ulap, ukel, gedhek, seblak lan sapiturute. Ora krasa beksan gambyong wis rampung.  

Aku cepetan mlebu ning ruang rias, amrih nguculi sanggul, nata dandanan, lan nambahi wedhak. Kringet isih dleweran metu saka awakku. Bu Susan wis ngenteni ing ngarep ruang rias. Aku mlebu bledheng ning ruang rias. Aku njupuk andhuk cilik ing jero tas kanggo ngelap kringet. Karo isih ngelap kringet, aku nyedhaki kipas angin ing pojok ruang rias.  

Aku kaget. Atiku ntratap. Ning kono ana Mas Paminto ngadeg ning ngarepe kaca gedhe lagi nganggo kostum karonsih. Isih ibut masang sampur. Riasan rai wis dadi. Katon gantheng tenan. Atiku tambah kaget nalika Mas Paminto ngaruh-ngaruhi aku. 

“Hee … Cah Pesek. Isih gelem ngaronsih karo aku ta?”  

Tak cedhaki tak rangkul. Tak suntak rasa kangenku marang dheweke. Aku takon lan crita ngalor ngidul. Kenapa wis suwe ora ndolani aku. Nanging kabeh mau mung ana angen-angenku. 

Ora kawetu omonganku. Aku mung ngadeg kaya patung. Lambeku takcoba mesem senajan rada kecut. Jebule isih kaya biyen. Gragpyak lan semanak. Ora nuduhake ati sengit marang aku. Senajan atine wis nate dilarani dening ibuku. Yen kelingan wektu semono aku isin marang Mas Pam. 

Swarane Bu Susan buyarake nglamunku. Aku enggal lungguh ning kursi ngarepe Bu Susan. Sanggul lan subalenggal dicopoti. Rambutku dijungkati lan dikucir. Wedhak ditambahi,  eye shadow lan rose utawa abang-abang ning pipiku dikandeli meneh. Idepe ya di tata meneh. Jamang utawa irahan dipasangake ning sirahku kaya wakul dikurepake. Sumpinge ora lali dipasang ning kuping tengen lan kiwa. Aku wis siap. Tak lirik Mas Paminto sajake ya wis siap. 

Keprungu swarane pranatacara ngantal-ngantal lumantar sound system ngandhakake dikirabe penganten. Atiku saya ora karuan. Mas Pam nyedhaki aku. 

“Cah Ayu, mengko kaya biasane wae. Ora usah kok pikir nemen-nemen lelakon sing kawuri.” Kandhane Mas Pam alus. 

Aku mung manthuk. Ilatku rasane kaku. Ora bisa ngomong apa-apa. Mas Pam isih nerusake pitakonane. 

“Sido kuliah ta? Jurusan apa? Saiki meh rampung ta” pitakone Mas Pam nganter. Durung takwangsuli wis ditambahi meneh. 

“Jurusan Keperawatan kaya sing dikersakake ibumu?” 

“Iya, Mas.” Wangsulanku cekak.  

“Ya wis. Manut wong tuwa kuwi akeh berkahe.”  

“Ayo ndang metu. Kae wis diaba dening pranatacara.” pangajake Mas Pam karo mlaku metu mring papan mbeksa. 

Aku ngetutake lakune Mas Pam. Tekan sisihe operator sound system Mas Pam masrahake CD iringan karonsih. Ora lali ngandhani track 4. Ora let suwe iringan karonsih wis muni. 

Anggonku ngaronsih kadya Dewi Sekartaji sing lagi nandang branta. Kangen marang Raden Panji Asmara Bangun kang banget ditresnani. Nalika tekan kembangan, Mas Pam wis kaanggep Raden Panji. Taksuntake rasa kangen ing ati lumantar beksan karonsih iki. Mas Pam sajake ya padha. Dheweke ngimbangi aku kanthi ngubal rasa tresnane sing wis suwe alum. 

Keploke para rawuh ngiringake lakuku lan Mas Pam metu saka papan kono. Mongkok atiku bisa ngaronsih meneh karo gantilaning ati. Wiwit metu saka auditorium mau nganti tekan nggon rias tanganku tansah digandheng.  

“Ora usah diculake.” Ngendikane Bu Susan ngagetake aku lan Mas Pam. 

Tanganku enggal diculake dening Mas Pam. Sajake isin diweruhi dening Bu Susan. Aku banjur ethok-ethok ibut nguculi jamang karo isih kober ngematake polahe Mas Pam sing salah tingkah.  

“En, saka kene langsunga wae jak mulih ning ngomahmu.” Dhawuhe Bu Susan.  

Durung takwangsuli wis disusuli ngendikan maneh. 

“Saiki paling oleh palilah. Wis dadi dosen kok.”  Ngendikane Bu Susan karo mlaku metu. 

Ngono kuwi ngendikane Bu Susan kang ndadekake atiku tambah bungah. Nanging atiku uga was-was. Apa Mas Pam isih gelem karo aku. Biyen nate ditolak mentah-mentah dening ibuku. Jare meh dipakani apa aku. Wektu iku Mas Pam lunga ora pamit aku. Aku ya bingung. Kabeh nomer telpone ora bisa dihubungi. 

“En. Apa kowe isih gelem ngronsih karo aku sajabane panggung?” pitakonane Mas Pam.   

Aku ngerti karepe Mas Pam. Atiku dadi geter. Ora karu-karuan sing takpikir. Antarane percaya karo ora. Aku ora bisa wangsulan. Mung meneng lan kembeng-kembeng. Luhku banjur dleweran. 

Mas Pam jupuk tisu kanggo ngelapi luh ing pipiku. Atiku dadi adhem. Kaya lemah garing kang kasiram udan sedina. Rasane ayem tentrem bisa nyandhing priya sing banget taktresnani. Ora mung luh sing usapi dening Mas Pam. Make up ing raiku uga diresiki nganggo pembersih lan penyegar. Gentenan aku aku sing ngresiki Mas Pam. 

Mas Pam sidane mampir tenan ing ngomah. Aku bonceng montore Mas Pam kanthi ati bungah. Dene montorku mengko diterake adhike Bu Susan. Sadalan-dalan atiku tansah mabur ning awang-awang. Aku wis mbayangake ngaronsih karo Mas Pam ing dunyaning bebrayan. 

Tekan ngomah, montore Mas Pam wis dipapak dening Ibuku ing ngarep lawang. Aku kuwatir kedadeyan patang taun kepungkur bakal dumadi meneh. Nanging rasa kuwatirku enggal sirna, jalaran eseme ibuku mbagekake tekaku lan Mas Pam. 

Ibuku njaluk ngapura kedadeyan biyen. Biyen mung dioyak gengsi. Sawise ngalor ngidul anggone jagong, ibuku ndhawuhi Mas Pam enggal nglamar aku. Yen nganti aku lulus kok ora dilamar, bakal diculake ning pasar bebas. Mas Pam sajake mangu-mangu. Dakcekel tangane banjur takgegem kenceng. Lathine ora bias semaur, mung manthuk. Atiku dadi bungah. Bakale ati loro bakal ngaronsih ing bebrayan candhake. 

Srengenge sore katon endah sinawang saka ngarepan omah nalika Mas Pam nyuwun pamit. Aku nguntabake lungane Mas Pam kanthi ati bungah. Atiku ngembang ngrembaka. Rasane kabeh sarwa endah nalika ati loro bisa ngaronsih.


Komentar

×
Berhasil membuat Komentar
×
Komentar anda masih dalam tahap moderator
1000
Karakter tersisa
Belum ada komentar.

Jadilah yang pertama berkomentar di sini