Udan Grimis ing Wayah Sore
Selasa, 16 Januari 2024 20:11 WIB
253 |
-
Jam sanga esuk aku wis tekan omah ing desa. Omah sing isih ajeg kaya wiwitan tak tinggal lunga. Pagere ya isih arupa papan suren. Mung saiki dilabur nganggo cat werna ijo engga katon rada seger yen disawang. Jogane mung plesteran semen kang wis tambalan kana kene. Durung mambu tegel apa maneh keramik. Lawang tanpa kancingan iku disurung karo barepku. Ora lali uluk salam karo nimbali Mbah Rakane. Iya Mbah Kakunge. Pancen ing dhaerahku wong-wong nimbali simbahe kanthi sebutan Raka. “Assalaamualaikum, Ka.” Nganti ping telu anggone uluk salam tetep wae ora ana wangsulan. Tetep sepi. Aku bablas mlebu nganti pawon ya tetap sepi. Paling bapak lagi ning sawah kaya adat sabene, batinku. Lagi wae arep balik menyang ngarepan, kupingku krungu swara crak-crok wong lagi macul ing buri omah. Lawang butulan tutupan nanging ora kancingan mertandhani pancen ana wong ing buri omah. Lawang takbuka alon-alon. Ing kadohan katon Bapak lagi nyabetake pacul. Kringete dleweran nelesi kulit coklate sing wis ora kenceng meneh. Kulit kang saya kisut ngluwihi kisute kulit jeruk garing. Karo unjal ambegan landhung, kringet kang metu ing pasuryane diulapi dhikut nganggo lengen kaos sawiji partai kang wis klawus. Aja nganti kringet kuwi mlebu ing mripat. Dadi sepet. “Pak,” pangundangku cekak. Bapak kandheg anggone macul. Noleh banjur enggal nyedhaki aku. “Oh kowe ta, An. Kapan tekamu?” pitakone Bapak karo nyelehake pacul. Lungguh ndheprok ngono wae ing sisih pacule. Kaose dicopot banjur kanggo ngelapi kringet kang isih dleweran. Caping kang maune dianggo, saiki pindhah ing tangane kanggo ngipasi awake. Senadyan kipasan caping mau ora bisa ngalahake panase srengenge, saora-orane bisa gawe rada adheme awak kena semilire angin saka obahing caping. Durung sempat aku mangsuli, ragilku melu-melu nimbali. “Tata, Tata,” pangundange Fatih, ragilku. Karepe nimbali kaka ning sing kawetu malah Tata amarga durung cetha omongane. “Eh, eh, eh. Putune Kaka sing pinter wis tekan kene. Ayo mrene, mrene, Cah Bagus!” wangsulane kakane karo ngawe. Ragilku banjur nyedhak, lan lungguh ing pangkone bapak. “Jupuke kendhi ing meja tengah, An,” dhawuhe bapak cekak. Tanpa wangsulan, aku mlebu maneh saperlu njupuke kendhi kanggo bapak. Kendhi ditampani banjur dilangga ngono wae tanpa nganggo gelas. Clegug clegug clegug. Iline banyu kendhi nelesi gorokan kaya tibane udan ing mangsa udan. Gawe segere otot lan bebayu. Kringete ambrol meneh. “Bapak sarapan riyin, njih?” takonku cekak. “Kula beta lawuh lele goreng karemane bapak,” bacutku. Tanpa ngenteni wangsulan aku banjur marani meja tengah. Rantang utawa omprong isi jangan lan lawuh takdhudhah. Arep tak lebokake ing jero krodhong jebul wis ana jangan lan lawuh. Ora dadi ngapa jangan lan lawuhe dadi tandho. Dene segane bapak wis masak ing magic com. Aku apal banget kebiasane bapak sing ora nate sarapan esuk. Paling cepet sarapan ya wayah ngene iki. Udakara jam sanga nganti jam sepuluh. Wangsul saka sawah utawa tegalan nembe kersa sarapan. Nalika ora tindak sawah ya tetap wae sarapane wayah semono. Esuk-esuk paling ngunjuk teh panas. === Srengenge sore ketutupan mendhung ireng. Angin kang katiyup wis kecampuran banyu. Hawane dadi adhem. Begjane mau esuk aku wis nyelakake wektu kanggo ziarah ing sareyane ibu saperlu tahlil lan ndonga. Minangka bektiku mring ibu kang wis ora butuhake punjungan dhaharan. Ya mung kalimah toyyibah iki dadi punjunganku sasowene ibu seda. Kabeh wis rampung tak tata. Salin resik isih lempitan kaya wingi nalika teka. Durung dienggo, isih ing jero tas. Saline pancen tak luwihi anggone nggawa. Utamane saline cilikan. Dene salin reged tak wadhahi dhewe nganggo tas plastik supaya ora kecampur karo sing resik. Tas gedhe isi salin mau digendhong metu karo barepku. Dene tas plastik isi regedan dicangking anak kaloroku. Sajake isih kabotan. Gawan mau ditampani bojoku banjur ditata ing bagasi. Mbarengi tumibane banyu riwis-riwis saka langit, kanthi ati kang abot aku pamit karo bapakku. Takaras astane lan pipine kang wis ora kenceng maneh. Rasaku semedhot kudu ninggalake bapak ing omah dhewekan. Umpama ora amarga ngayahi tugas negara ing liya kutha aku milih ngancani bapak. Bapak ora kersa ndherek putra-putrane. Ora krasan ngendikane. Tansah kelingan ingon-ingone, sapi lan pitike. Uga kelingan sawah lan tandurane. Senajan wis ora diolehi maneh karo Mas Agus, masku sing barep, tetep panggah nggarap sawah lan ngingu raja kaya. Saliyane ben ora nglangut ijenan ning ngomah, alesan sejatine ya ora kersa ngrepotake putra-putrane. Masku sing barep manggone isih sakabupaten. Mung beda kecamatan. Jarake mung udakara 45 menit perjalanan. Mas Agus sing asring nuweni bapak. Senajan jarake ora adoh, bapak ya tetep ora kersa ndherek. Apa maneh ning nggonku, Semarang sing lumayan adoh. Sing paling adoh manggone iya adhiku persis, Budi. Budi isih manggon ing Purbalingga. Durung bisa pindhah tugas. Dene adhi ragilku padha karo masku Agus. Mung beda kecamatan karo bapak. Amarga isih duwe cilikan dadi rada ribet yen kudu mrana-mrene. Bapak wis ping pirang-pirang tak suwun ndherek aku ing Semarang, tetep durung kersa. Nalika meh pamitan mau uga wis taktari meneh. Ya tetep wae ora kersa. Malahan barepku, Azam uga melu nyuwun supaya kakane kersa ndherek ing Semarang. “Kaka ndherek teng Semarang nggih!” ngono kuwi panyuwume Azam barepku nalika pamitan. “Sesuk-sesuk wae ya, Le, ” wangsulane cekak karo ngelus sirahe Azam. Saliyane ora kersa ngrepoti putra-putrane, mesthine isih durung bisa nglalekake ibu sing sasuwene iki kang tansah setya ngancani wiwit enom engga sedane. Bapak sajak kelangan banget. Mobil alon-alon ninggalake latar omah. Aku unjal ambegan landhung kanggo ngilangi rasa aboting ati. Tak sawang saka cendhela mobil, bapak isih ngadeg ing ngarepan. Wong tuwaku sing saiki uripe kijenan. Adoh saka anak-anake. Senajan astane dha dha dha dha karo putune, ing batine mesthi bakal kasepen meneh. Seminggu pisan aku mbudidaya bisa bali ngancani bapak. Senajan mung Setu Minggu. Iki taklakoni wiwit ibuku isih asring gerah, nganti saiki luwih saka 4 wulan ibuku seda. Menawa ana tanggal abang saliyane Setu Minggu takanggep kaya nemu emas sagunung. Mesthi wae takgunake kanggo nuweni bapak. Mobil menggok mengalor. Lakune isih alon. Omahe bapak saya adoh saya ora katon. Gas dipidak rada jero. Lakune rada banter. Nalika munggah ing dalan gedhe, mendhunge isih peteng. Grimise saya banter. Ora krasa ing pojoke mripatku teles. Cepetan takulapi nganggo tisu. Aja nganti diweruhi bojoku, bapake anakku sing konsentrasi nyekel stir. Amarga dalan kang bakal takambah isih adoh. Semarang, 26 September 2021 Abdul Azis
Komentar
×
Berhasil membuat Komentar
×
Komentar anda masih dalam tahap moderator
1000
Karakter tersisa
Jadilah yang pertama berkomentar di sini